woelandluns

January 11, 2011

Pawartos Lingkungan

Filed under: pawartos basa jawa — woelandluns @ 1:16 pm

Assalamu’alaikum wr.wb

Sugeng siang para pamirsa, wonten ing kalodhangan siang menika kula Hanafi Catur Wulandari badhe caos sekedhik pawartos, inggih menika babagan “Mundhake Reregedan Wonten ing Lepen”.

Wonten ing jaman – jaman sakmenika, Lepen- lepen sampun benten kaliyan jaman- jaman kapengker. Ugi karesikanipun lepen ingkang sampun owah inggih menika dados papan kagem geguwang uwuh ugi reregedan sanesipun. Tuladhanipun Lepen Opak ingkang dumunung wonten ing Kutha Ngayogyakarta.

Kemis, (22/ 4 2010), miturut Ibu Siti Mubarokah ingkang dalemipun wonten ing sacedhakipun Lepen Opak, piyambakipun mratelakaken menawi kaanan lepen ingkang boten resik. Luwih- luwih sesampunipun lepen banjir, sakiwa tengenipun lepen tansah mindhak reged amargi reregedan wonten ing lepen tumangsang wonten ing wit- wit empring. Ibu Siti ugi ngendikaaken menawi taksih wonten tiyang- tiyang ingkang ambebuwang reregadan wonten ing lepen.

Masyarakat wonten ing sacedhakipun lepen, kanthi daya lan upayanipun supados lepen saged katingal endah ugi resik. Salah setunggaling upayanipun inggih menika ngawontenaken gotong royongwonten ing sakiwa tengenipun lepen.

Menawi lepen supados katingal endah ugi resik pramila tiyang- tiyang saged anjagi karesikanipun lepen. Caranipun inggih menika boten ambebuwang reregedan wonten ing lepen, boten ambebuwang peceren wonten ing lepen, ugi ngawontenaken gotong royong wonten ing sakiwatengenipun lepen.

Mekaten pawartos wonten ing siang menika. Atur kula cekap.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Dening : Hanafi Catur Wulandari

Leave a Comment »

No comments yet.

RSS feed for comments on this post. TrackBack URI

Leave a comment